Menyang kontèn

Jusuf Kalla

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Jusuf Kalla

Dr. (H.C.) Drs. H. Muhammad Jusuf Kalla (lair tanggal 15 Mèi 1942) ya iku pengusaha saka Indonesia. Ing kagiyatan politik, dhèwèké mlebu Partai Golongan Karya lan njabat dadi Wakil Présidhèn Indonésia sajeroning rong periode ora berturut-turut. Ing periode kapisan, priya sing populer kanthi singkatan JK iki nyalon dadi calon wakil presiden ndampingi Susilo Bambang Yudhoyono. Kekarone dadi rekan ing Kabinet Gotong Royong. Dheweke kasil menang ing Pemilu Presiden 2004.

Partai Golongan Karya nyengkuyung JK ing Pilpres 2009 minangka calon presiden bebarengan karo Wiranto saka Partai Nurani Rakyat minangka calon wakil presiden. Nanging, jumlah suarane ora ngluwihi ambang pencalonan presiden lan kalah karo pasangan calon Susilo Bambang Yudhoyono lan Boediono. JK nyalon maneh ing Pemilu Presiden 2014 minangka calon wakil presiden. Dheweke resmi dicalonake ndherekake Joko Widodo ing deklarasi pasangan calon ing Gedung Joang '45 Jakarta. Pasangan iki disengkuyung dening limang parpol sing dadi anggota Koalisi Indonesia Raya, yaiku Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan, Partai Demokrasi Nasional, Partai Kebangkitan Bangsa, Partai Nurani Rakyat, lan Partai Keadilan dan Persatuan Indonesia.